Risalatul Mu'awanah Juz 1(13-14)

Risalatul Mu'awanah Juz 1(13-14) Waqoola alaihissholatu wassalaam. . . Kanjeng Nabi Ngendiko: ''Utawi luwih luman iro kabeh ing dalem sak wise ingsun iku wong lanang duwe ilmu banjur ilmune disebar-sebarak ­e(tegese diwulang-wulang ­ake) mongko dewe'e bakal tangi songko kubure kanti tangi dewe''. Kanjeng Nabi Ngendiko: ''Kabeh makhluk iku podo nyuwunake ngapuro ing ngatase wong-wong kang podo gelem mulangi manungso, sahinggo iwak-iwak'e segoro ora ketinggalan podo ndunga'ake''. Kanjeng Nabi Ngendiko: ''Kabeh makhluk iku dadi rakyate Gusti Alloh, makhluk kang luwih didhemeni dhening Gusti Alloh iku wong kang luwih akeh oleh'e aweh manfa'at marang rakyate GustiAlloh, lan ora ono wong siji kang kuwoso aweh manfa'at marang makhluk'e Gusti Alloh sing ganjarane podo karo ngajak-ngajak makhluk, diajak-ajak marang lawange/ ­agamane Gusti Alloh kanti aweh weruh perkoro kang wajib kadhuwe Alloh(Rupane: ilmu tauhid lan ta'at ing Gusti Alloh, lan ngiling-ngiling ­ake ayat-ayate lan nikmate Gusti Alloh lan bebungah kelawan rohmate Alloh Rupane suwargo: lan medhen-medheni kelawan bendhone Gusti Alloh kang podo me'ngo(nyimpang ­) marang Gusti Alloh saking wong kang podo kafir lan wongkang podo fasik rupane neroko''.

0 komentar:

Posting Komentar