SMS Ucapan Hari Raya Idul Fitri Bahasa Jawa

 ucapan selamat hari raya idul fitri jawa

Srengenge Idul Fitri anggawa pangarep-arep,
silaturahim kanggo lantaran rumakete ati.
Kita sedaya caos pangapura kanthi mantep
nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Paijem gadhah Fiat.

Diagem touring dateng Banten.
Dalem kathah lepat,kerso paring agenge pangapunten...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Nagara tentrem amarga para satria pinandhita,

bengi shalat tahajud, awan sregep makarya.
Sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapura
Latihan pasa sewulan mugi kita dados manungsa takwa....
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Dinten meniko dinten bakda riyadi

Kulo menawi gadhah kalepatan
ingkang disengaja lan boten disengaja
dumateng panjenenagan sak kulawarga
kulo nyuwun agenging samudro pangaksami...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Juminten mbeber kloso,
Dodol kupat ngarep gapuro.
Wonten dinten riyoyo, menawi lepat kulo nyuwun ngapuro.
Mugi-mugi Allah maringi pepadang kagem sedoyo...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Mlaku-mlaku ning Malioboro
Menawi sayah numpak becak luwih sekeca
Sugeng riyadi kagem panjenengan sedaya
Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapura
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Mangan kopat karo mangan apem
gadhah lepat nyuwun pangapunten...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Sucineng ati, tumatining laku,
ngaturaken SUGENG RIYADI
bilih wonten kalepatan nyuwun agungi samudro pangaksami...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Kulo nyuwun gunging pangapunten sedanten kalepaten lahir dumugi ning batos boten langkung ngaturaken sugeng Iedul Fitri,
mugi Gusti Allah Ingkang Kuoso paring ridho lan rahmatipun dumateng kito sedoyo.
Amien…
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Pitik kate rupane putih
Pitik alas rupane coklat
Idul Fitri ati manungsa bali putih
hawa-nafsu dikendali kanthi tobat...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::


Mangan sate sak gulene, sego megono bumbu kemiri
kapan wae lebarane, sugeng riyoyo idul fitri
tumbar merico kecap asing
Nyuwun ngapuro lahir lan batin...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Cangkem iki sering nggedabrus,
utek iki sering mikir sing elek.
Minal aidzin wal faidzin. Mohon maaf lahir batin...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Mbok Setro bakul tempe
gawe sehat wong sak erte
marga tempe akeh proteine
Lebaran ora kudu ganti hape
sing penting kendali diri ora nggape
hawa-nafsu sing nggugu karepe dewe...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Ngaturaken wilujeng Idul Fitri 1429 H.
Nyuwun gunging pangapunten.
Mugi kito kanugrahan jatining fitrah saking gusti ingkang Maha Pemurah. Amin...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::
 
 
Gunung Merapi, Gunung Merbabu,
tansah jejer kaya sedulur kembar
Aku sing wis tau nglaraake atimu
njaluk samudra pangapuramu kang jembar...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Gunung Merapi rupane biru
dicedaki dadi ijo wit-witan cemara
Menawi kula gadhah keliru
nyuwun agenging samudra pangapura...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Numpak andhong ning Kotagedhe,
tuku ali-ali kagem eyang putri.
Bilih aku nduwe luput gedhe,
nyuwun kawelasan sampean ampuni...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Ning gunung ketur tuku bolah,
kanggo ndodomi sajadahe simbah
Dudu salahmu sing gawe susah,
nafsu amarahku sing gawe bubrah...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

0 komentar:

Posting Komentar